Jumat, 08 April 2011

Pepelinge wong Urip

Ngawiti ingsun nglaras syi'iran
Kelawan muji marang Pangeran
Kang paring rahmat lan kanikmatan
Rino wengi tanpo pitungan

Duh bolo konco prio wanoti
Ojo mung ngaji Syari'at bloko
gor pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur'an hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe ga digate'ke
Yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro
ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine Peteng lan nisto

Ayo sedulur ojo nglaleake
wajibe Ngaji sa'pranatane
Nggo ngandelke Iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngilmune
Laku thotiqot lan ma'rifate
Ugo hakqiqot manjing rasane

Alqur'an Qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis ison diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancebake ing njero dodo

Kumantil ati lan pikiran
Rasuke badan kabeh jeroan
Mu'jizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Alloh kang Moho Suci
Kudu Rangkulan rino lan wengi
Di tirakati lan di riyadlohi
Dzikir lan suluk ojo nganti lali

Uripe ayem rumongso anan
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nrimo snajan pas-pasan
kabeh tinakdir saking Pangeran

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podon rukun ojo kasiyo
Iku sunahe Rosul kang Mulyo
Nabi Muhammad panutan kito

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar ruh lan sukmane
Den gadang Alloh suargo manggone
Utuh mayite ogo uluse

Tidak ada komentar: